Kaos Bola

Sunday, April 4, 2010

Pitutur Jawa - Jawi

*Kahanan donya iku ora langgeng, mula aja ngegungake kasugihan lan drajadira, awit samangsa wolak-waliking jaman ora kisinan.
* Kahanan kang ana iki ora suwe mesthi ngalami owah gingsir, mula aja lali marang sapadha-padhaning tumitah.
*Sing sapa seneng ngrusak katentremaning liyan bakal dibendhu dening Pangeran lan diwelehake dening tumindake dhewe.
* Wataking manungsa iku kepingin kuwasa, nanging Pangeran iku bakal maringake panguwasa miturut kersane Pangeran pribadi.
* Janma iku tan kena kinaya ngapa, mula sira aja seneng ngaku lan rumangsa pinter dhewe.

* Rame ing gawe sepi ing pamrih, memayu hayuning bawana.
* Manungsa saderma nglakoni, kadya wayang saupamane.
* Mulat sarira, tansah eling lan waspada.
* Sabegja-begjane kang lali, luwih begja kang eling klawan waspada.
* Sing sapa salah seleh, lan melik nggendhong lali.
* Nglurug tanpa bala, sugih ora nyimpen, sekti tanpa maguru, lan menang tanpa ngasorake.
* Yen sira dibeciki liyan tulisen ing watu supaya ora ilang lan tansah kelingan, yen sira gawe kebecikan marang liyan tulisen ing lemah, supaya enggal ilang lan ora kelingan.
* Sing seneng gawe nelangsane liyan iku ing tembe bakal kena piwales saka panggawene dhewe.
* Lamun sira mung seneng dialem bae, ing tembe ketemu bab-bab kang kurang prayoga.
* Wani ngalah luhur wekasane.
* Ala lan becik iku dumunung ana awake dhewe, melik nggendhong lali, ngundhuh wohing pakarti.
* Sing sapa lali marang kabecikan liyan, iku kaya kewan.
* Ajining dhiri iku dumunung ana ing lathi lan budi.
* Yitna yuwana, lena kena.
* Ala ketara, becik ketitik.
* Klabang iku wisane ana ing capite. Kalajengking wisane mung ana pucuk buntut (entup). Yen ula mung dumunung ana untune ula kang duwe wisa. Nanging yen durjana wisane dumunung ana ing sakujur badan.
* Rawe-rawe rantas, malang-malang putung.
* Mumpung enom ngudiya laku utama.
* Sing prasaja, percaya marang dhiri pribadi.
* Ngelmu pari, saya isi saya tumungkul.
* Wong mati iku bandhane ora digawa.
* Wong iku kudu ngudi kabecikan, jalaran kabecikan iku sanguning urip.
* Wong kang ora gelem ngudi kabecikan iku prasasat setan.
* Wong linuwih iku ambeg welasan lan sugih pangapura.
* Perang tumrap awake dhewe iku pambudidaya murih bisa meper hawa nepsu.
* Ngelmu iku kelakone kanthi laku, senajan akeh ngelmune lamun ora ditangkarake lan ora digunakake, ngelmu iku tanpa guna.
* Turuten pituture wong tuwa.
* Wong kang ora weruh tatakrama udanagara (unggah-ungguh), iku padha karo ora bisa ngrasakake rasa nem warna (legi, kecut, asin, pedhes, sepet, lan pait).
* Wong pinter nanging ala tumindake, senenge karo wong ala.
* Wong linuwih iku kudu bisa ngepek ati lan ngepenakake atine liyan. Yen kumpul karo mitra kudu bisa ngetrapake tembung kang manis kang pedhes, sepet,bisa gawe senenging ati. Yen kumpul pandhita kudu bisa ngomongaketembung kang becik. Yen ana sangareping mungsuh kudu bisa ngatonake kuwasa pangaribawa kaluwihane.
Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...