Kaos Bola

Thursday, September 23, 2010

Kidung Jawa

Roso trenyuh jroning awak mami
nDulu putro sesambat bopo
Rumongso goreh atine
Sinendal roning kalbu
Roso ati kudu nuruti
Saguh polo kromo
Sinandingan kalpataru
Duh gusti paringo pitedah
Dumateng hanggane wak mami
Dununge ponco warno


Ngupoyo sekar ponco warno
Keno kanggo pengabon-abon
Calon penganten kekalih
Supoyo manggih rahayu
Riptane widodoro-widodari
Enggal entuko karyo
Ngati-ati nggon iro lumaku
Kanti ngeningke roso
Madep manteb wonten ngarsane gusti
Mugi manggio mulyo
Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...